Postingan

Menampilkan postingan dari Februari 16, 2014

Contoh Geguritan Bahasa Jawa - "Sekolahku"

SEKOLAHKU Sekolahku... Seneng rasane atiku Ndeleng sekolahku Sing resik lan asri Ana kebon – kebon sing ijo royo – royo ngrenggani endahe taman edhum lan tentrem rasane atiku ngerasakake apike sesawangan sekolah Saben esuk ndakrasakakke bun seger ing dhadhaku ndakrasakake kahanane sekolah sing tentrem iki sing ndadekake aku semangat sinau. Primaldo Marmora Haq 9C / 29

Contoh Geguritan Bahasa Jawa - "Alam"

                      Alam Wis dipenging awakmu Geguyub rukun lindungi alam Saka Hyang Maha Esa Aja susah yen mengko alam iku muntab         Ngerebut raja kaya                                          Serta jiwa ragamu                                           Wis dipenging awakmu Manut karo tata tertib Sing wis ditemtoake Sadirma ngrawat lan nata penghijauan                      Ya, nanging angel mantebake jroning ati                   Yen asis ngono apa banjur meneng lan terus acuh?   Apa ora sadar alam bakal rusak?                                Apa ora seneng awakmu nyawang wit-witan Ngrembuyung ngresepake mata? Apa ora bungah atimu nyawang kembang ngrembaka? Mung kita sing bisa                                          Ngubah iki                                                        Ngrubah alam mbalik kaya mbiyen maneh    OLEH : Triana Kusuma Dewi | 9C / 37 | SMPN 12 SUR

Contoh Geguritan Bahasa Jawa - "Surabaya"

SURABAYA Surabaya ... Rupamu saiki wis beda Wis ora rusuh kaya biyen Wis ora banjir lan nggawa lelara Surabaya saiki wis beda                                               Wis dadi kutha resik lan kang katata apik                   Akeh penghargaan kang mbok tampa                         Penghargaan saka negara dewe lan saka manca          Kita minangka masyarakat Surabaya wajib jaga karesikan Ora mbuang sampah ing kali Lan nandur tanaman ing tanah kang kosong Supaya kaendahan tetep ngrumbaka Kaendahan iku bisa kawujud yen masyarakate serasa resikan            Lan gelem jaga lingkungan dhewe                                                            Yen masyarakate ora bisa ngerawat                                                                                                                 Surabaya bakal dadi kutha paling ala sakdonya      Oleh : Robby Firmansyah Aji | 9C - 33 | SMPN 12 SURABAYA  

Contoh Geguritan Bahasa Jawa - "Kasadaran Manungsa"

Kasadaran Manungsa Srengenge, teka lan lunga sabendina Madhangi kahanane bumi Larakan uwut sing kleleran Kali sing reged Lan polusi sing mumbul-mumbul ing endi wae Manungsa, lalai lan sakarepe dhewe Ngobong lan ngerusak alam Tansah njupuki lan ngerebut Tanpa nggatekake akibate Alam murka Dheweke wadul marang Gusti ingkang Maha Agung Sahengga akeh bencana sing padha teka Ngganjar para manungsa lan ngrebut kabeh darbeke Manungsa, bocah-bocah utawa uwong tuwa Sadhara marang tingkahmu Ayo jaga lan tresnani bumi iki Kanggo masa depang kang luwih raharja Oleh      : Aprilia Annisa Karim Kelas    : 9C- 07 | SMPN 12 SURABAYA

Contoh Geguritan Bahasa Jawa - "Banjir"

Banjir Oh Banjir… Tekamu marga barang kang sepele Bisa nerjang wong sak desa Oh Banjir…                                                Mung gara – gara uwuh sethithik              Saya suwi numpuk nganti nggunung    Kali kang mili deres Saya suwi malah mampet Banyu bening tur seger Saya suwi tambah butek Nalika lemah jembar, kebak bangunan gedhe     Nalika alas ijo royo – royo, dadi sepi tanpa warna Kabeh iku marga kelakuan manungsa               Duh manungsa Nganti kapan ndadekake Gusti Agung murka Ayo padha tresna lan ngrumat lingkungan Oleh : M. Luqman Romadlon 9C / 24 SMPN 12 SURABAYA