Contoh Geguritan Bahasa Jawa - "Kasadaran Manungsa"
Kasadaran Manungsa Srengenge, teka lan lunga sabendina Madhangi kahanane bumi Larakan uwut sing kleleran Kali sing reged Lan polusi sing mumbul-mumbul ing endi wae Manungsa, lalai lan sakarepe dhewe Ngobong lan ngerusak alam Tansah njupuki lan ngerebut Tanpa nggatekake akibate Alam murka Dheweke wadul marang Gusti ingkang Maha Agung Sahengga akeh bencana sing padha teka Ngganjar para manungsa lan ngrebut kabeh darbeke Manungsa, bocah-bocah utawa uwong tuwa Sadhara marang tingkahmu Ayo jaga lan tresnani bumi iki Kanggo masa depang kang luwih raharja Oleh : Aprilia Annisa Karim Kelas : 9C- 07 | SMPN 12 SURABAYA